MALAM DI IGD

  MALAM DI IGD   Malam makin tua suara beep-beep membongkar sepi ada perempuan nangis, retak kakinya sementara di pojokan itu ada selang masuk tenggorokan bayi Aku tak sanggup bayangkan ruangan ini 2020 yang lalu   RSSA, Malang, 04 Februari 2025 Padmo Adi

WIS BIYASA RUSAK

WIS BIYASA RUSAK

kajupuk saka facebook

Ra perlu nggresula
Ra perlu nesu-nesu
Tandurane rusak
Iku uwis biyasa...
Wis biyasa rusak!

Rusak dadi biyasa, biyasa dadi rusak
Senar dudu bolah, bener ora salah
Yen manungsa mati amarga kahanan
Yen tanduran mati amarga manungsa
Aja takon dosa marga kuwi wis biyasa!

kajupuk saka facebook

Wis rumangsa bisa mbayar bandha
Banjur ngrasa kuwasa ngrusak apa-apa
Nglakoni luput ora njaluk pangapura
Malah nantang pepadha, rumangsa bisa
Lelakon cah wingi sore ora bisa rumangsa

Ya iki sing diarani wolak-waliking jaman
Wong dora ura-ura, diweling malah ngedan
Ngaku tresna, tiba ndhatane ngrudhapeksa
Ngaku asih, tiba mburine anggawe sara

Wolak-waliking jaman, sing becik ditampik
Bareng ana kahanan ala dianggep biyasa
Bola-bali wong lali amarga rumangsa melik
Rumangsa melik, krana bisa mbayar bandha

kajupuk saka facebook

Jamane pancen jaman edan
Ora ngedan ora uman
Ngidak-idak sirahe liyan
Iku uwis dadi pakulinan

Ndonyane kukut,
Uwite padha kisut
Minangka manungsa kang kudune gawe tentreme ndonya
malah dadi sarana bubrahe jagad-buwana


kajupuk saka Save Our Borneo

Dhuh Dhik, sanadyan rupa kaya Dewi Sinta
Nanging tumindake kaya buta
Waton ngabruk waton mbalela
Saya suwe samsaya rusak dadi biyasa

Ngger Cah Ayu... kene dikudang Kang Mas Kalong
Ayune moblong-moblong... kaya genthong bolong...
Isih mahasiswa ngidak-idak kembang-kusuma...
Suk gedhe dadi pengusaha ngobong alas-wana


kajupuk saka Save Our Borneo

(asmaradana)
Menda balap saumpami
Nora mulur nalar kaprah
Pating saluwir metune
Tetanduran padha rusak
Nora papa denpidak
Si pengung anggung gumulung
Para padma tinangisan...

01 Desember 2015
dening Padmo Adi (@KalongGedhe), Nara Wicaksono​, lan Dimas Suro Aji

Comments