JANMA MANUNGSA
Menungsa kuwi
duwe raga uga duwe rasa. Yen ora duwe rasa, kuwi durung komplit le dadi
menungsa. Nanging, pikire kudu luwih dawa tinimbang rasa-pangrasane. Lan, atine
kudu luwih dawa tinimbang pikire.
Yen rasa-pangrasane luwih dawa tinimbang pikire...
apa meneh luwih dawa tinimbang atine... kuwi jenenge durung jangkep le dadi
menungsa, kaya bocah wingi sore sing mbanyaki.
(Mulane, ya Ngger, ngangsua kawruh... ngangsua
sing jero... ben amba panyawangmu... ben alus rasamu... ben dawa pikirmu...
supaya tentrem atimu.)
@KalongGedhe
Comments
Post a Comment