Mantra Sakdurunge Lelungan Numpak Motor
Kakang kawah
Adhi ari-ari
Aku nunggang teji
Tulung disekseni
Kakang kawah
Adhi ari-ari
Saka Mataram dakwiwiti
Tekan Mbetawi dakpungkasi
Kakang kawah
Adhi ari-ari
Niat ingsun nresnani
Gunung alas daklakoni
Kakang kawah
Adhi ari-ari
Gilo aku nunggang teji
Ketemu sing daktresnani
Padmo Adi
No comments:
Post a Comment