MALAM DI SEBUAH TERMINAL

MALAM DI SEBUAH TERMINAL Seorang pengamen bernyanyi di dalam sebuah bus antarkota. Dokumen pribadi. Bus AKAP diam menggeram nunggu penumpang terburu mereka dikejar malam hari kadung jadi lesu Naik seorang perempuan padanya ada ukulele menyanyikan tembang kenangan harga dirinya timbang nglonthe Setelah turun itu perempuan naik lelaki berjualan tahu kepada penumpang dia tawarkan dia bilang tahunya tahu baru Lalu naik juga aki tua Ngaji baca ayat satu dua Tak lupa juga mengucap doa Lalu minta duit imbal surga Bus AKAP lari arungi malam membawa kenangan dan harapan disaksikan purnama yang diam Hidup tetap harus dilanjutkan Surabaya, 08 Oktober 2025 Padmo Adi

Titi Wancine Wis Teka

Titi Wancine Wis Teka

Akeh uwong ngaku pandhita.
Ananging atine cidra.
Ngaku paring sabda saka jawata.
Sajatine amung mburu bandha.

Titi wancine wis teka...
Nalika kewan luwih aji tinimbang manungsa.
Manungsa kinunjara sajroning kothak kaca.
Bengak-bengok ngaruara tanpa swara.

Titi wancine wis teka...
Wong ngguyu dibelenggu.
Wong sembahyang ditendhang.
Wong nguda-rasa diperkara.

Titi wancine wis teka...
Wong udud dituntut.
Wong blaka dikunjara.
Wong tani dipateni.

Para juragan padha nata negara.
Narapraja lan satriya padha nyambiwara.
Para sarjana dadi babu ela-elu.
Dene wong sejati kaesi-esi.

Galo tuwan menir ngingu srenggala.
Suk yen gedhe kareben memangsa encik, cina, jawa.
Bareng gedhe malah nyakot gulune tuwan landa.
Sang tuwan age-age ngangkat bedhil lan gada.

Titi wancine wis teka...
Wong jawa ra doyan sega.
Alas gung daha ditanduri klapa.
Nandur ing sawah thukule bandosa.

17 November 2015
Padmo Adi

Comments